‘MINTEN’

Naskah Kethoprak (drama jawa) satu babak.

oleh Priyo Nugroho (KKTT WISWAKARMAN, UNS)

Suminten Edan - KKTT Wiswakarman


Tokoh  :

  1. Suminten (SUM) ………………………….     Edan – wurung raben
  2. Cempluk Warsiyah (CEM) ……………….     Wicak, alus – calon manten anyar
  3. Senik (SEN) …………………………………….     Menthel – duwe bojo ora nggenah
  4. Tumbu (TUM) ……………………………………. Pekok – prawan kasep
  5. Mbok Mangli (MGL) ………………………….     Galak – randha waleh
  6. Denmas Brata (BRAT) …………………………. Teges – Pangeran Bupati Anom
  7. Pengisi suara Warog Secadarmo

Setting :

  1. Papan :   Pojok Kampung, ana sendhange, ana lungguhane.
  2. Wektu :   Awan

Kelir 1 : Al-Gendhengu – Wal Umbah- Umbahu

Suminten Ngakak

SUM   :           Mas Brata… (njoged- njoged)  Huahahahaa… (mandheg)

– [MUSIK MUNI – LAMPU ON.]

Ana tengah dalan.

SUM   :           Mas Brata… (njoged- njoged)  Huahahahaa… (mandheg) Mung sliramu sing dadi gandhulaning atiku. Mas Brata… Pun Nimas Suminten wis kalilan mbok rabi mas… Mbesok yen wis awakke dhewe dadi manten, aku ora arep njaluk werna- werna kok mas. Aku akan selalu menunggumu hingga akhir hayatku tiba mas.

Aku iki seneng temenan lho mas, rasane wis ora bisa tak tahan mas… (nangis) Mas Brata… Aku iki seneng tenan mas…

[MUSIK : TEMBANG IMPEN- IMPEN]

SUM   :           Cempluk! Kowe wengis Pluk… Ora idhep nyeluk kowe mbakyu, kowe sing nggawe Mas Brata wuta. Yen ora ana kowe, ora bakal ana kedadeyan kaya ngene, (nangis) Cempluk… kowe mbakyuku, ning kowe tegel karo adhimu dhewe… Aku iki adhimu… Cempluk… Cempluk… (mbengok) Cempluukkk!!! [OUT]


Cron :  SENIK MLEBU NYANGKING TUMBU ISI KUMBAHAN, KOCAPE AREP UMBAH- UMBAH.

SEN    :           (metu – gage – nggawa tumbu wadhah gombalan, karo nggeremeng) Biyungalah, wong lanang kana kene padha wae. Cangkemme ora bisa diugemi. (nyelehke tumbu – umbah- umbah) Kurang apa ta aku iki? Rumangsaku ya ora elek- elek banget lho rupaku iki. Wong lanang saben dina gaweane ming mendem wae. Perkara mendeme ngono aku ora dadi ngapa, ning perkara ndadak nganggo nyewa barang kuwi sing marai gregeten, pengin tak ajar wong kae. Ngertia ngono mbiyen tak tampik panglamare. Ora idhep isin…

TUM   :           (mbengok saka njero) Nik! Gombalanmu…

SEN    :           (nglinguk) Tum… Kowe. Ngapa? (tetep ngumbahi)

TUM   :           Ngapa ki lho? genah gombalanmu pating slebar neng dalan ngono, ngapa.

SEN    :           Endi ta ndelok? (niliki) alah mbok ben. Gombalane Kang Sutra wae kok.

TUM   :           Lak ya gombalanmu ta?

SEN    :           Du!

TUM   :           Iki lho.

SEN    :           (tetep umbah- umbah) Halah… Guwakken kalen kana! Apa arep kogawa mulih ya karepmu.

TUM   :           Kowe ki ngapa ta jane? (lungguh) Mesthi bar padu karo bojomu maneh ya? Mbok uwis ta Nik, Senik. Pegat wae…

SEN    :           Lambemu… Rumangsane layang pegat ki murah heh? Apa aku ra nggagas anak- anakku? Yen mung kepingin pegat wae wis awit mbiyen Mbu, Tumbu. Lha anak telu ki dhasare sing mbarep wis ndolor. Apa ya ora isin mengko anak- anakku, yen aku pegatan karo Kang Sutra heh? Mikir Tum, Mikir!

TUM   :           Halah, kowe ki kemayu. Mula, kaya aku ngene iki malah bebas tak terbatas.

SEN    :           Kandhaa wae ra payu. Wuu, ngono ki sing mok banggakke ki apa? Rana- rene dhewekkan, mangkat kondangan dhewekkan, turu dhewekkan, ngapa- ngapa dhewekkan. Apa ora mumet kowe Tum?

TUM   :           Ra payu gundhulmu. Dhewekkan ki tumrape aku rak patut. Lha kowe kuwi, delokken awakmu kuwi! Duwe bojo ki apa jaminan ngalor- ngidul runtang- runtung bareng terus? (semu ngece) Halah mbelgedhes.

SEN    :           Wis, aku arep umbah- umbah. Ra arep omongan karo kowe.

TUM   :           (nglerem, rumangsa kalah omong) Ya aja nesu. Heh, kene lho tak wenehi kabar. Kowe wis krungu durung kabare mantenane Suminten?

SEN    :           (kaget)Heh? Apa?

TUM   :           Minten, Minten.

SEN    :           Minten anakke Wa Darmo? Apa arep ngantenan pa? (tetep umbah- umbah)

TUM   :           Olha iki. Kowe ki ora awor wong ndesa wis pirang taun ta Nik, Senik. Suminten ki jare arep dirabi wong luhur lho.

SEN    :           Apa iya ta? Lha karo sapa je?

TUM   :           Anakke Bupatine Trenggalek.

SEN    :           (kaget kepati) Raden Subrata? Ah mosok ta? Kowe aja gawe- gawe lho.

TUM   :           Gusti Alah Pengeran. Aku ki tenanan. Jarene, suk ruwah iki arep rabi karo Denmase Brata kae.

SEN    :           Kok isa? Mosok ta Minten arep dirabi Denmase Brata?

TUM   :           Nek jarene lho ya. Kuwi ki, jarene merga Wa Darmo kae tau ngewangi numpes brandhal sing gawe geger Kadipaten Trenggalek.

SEN    :           (semu ngece) Owalaaah… Lhakok samudanan timen, ta ya ya… Lha rumangsamu sing nggawe geger Kadipaten Trenggalek kae sapa? Lha ya mung bocah- bocah kene kongkonane Wa Darmo kae kok.

TUM   :           (nyaut) Lambemu. Kae brandhal ya.

SEN    :           Brandhal entut mberut pa? Lhawong Kang Sutra ya melu nggeger neng kana kok? Bubar ngono bali- bali nggawa dhuwit pirang- pirang.

TUM   :           Heh. Aja gawe kabar sing ora bener lho! Kae ngono cetha brandhal. Lha ngertimu saka ngendi, yen Kang Sutra melu- melu nggeger?

SEN    :           Kowe ki piye ta? Aku ki apane Kang Sutra heh?

TUM   :           Lho, mosok ta Nik?

SEN    :           Mosak mosok mosak mosok. (kelingan)

TUM   :           (mikir) Oiya ya. Kowe ki bojone Kang Sutra kok ya. Lali aku.

SEN    :           (kaget kelingan) Weladalah kapiran tenan.

TUM   :           Ngapa?

SEN    :           Ngomah ki durung ngliwet. (ngukuti gombalan) Gek piye iki mengko anakku? Dhuh, ayo uwis dhisik. Aku selak arep ngedang sega dhisik. (gage OUT)

TUM   :           (nututi) Heh Nik… Klambine Kang Sutra… [OUT]



Kelir 2 : Roman Gandrungan

[MUSIK SESEG – LAMPU ON]

Cron    :  CEMPLUK PLAYON KARO TULUNG- TULUNG

CEM   :           (saka njero) Tulung… Tulung… Tulung… [IN] (Mandheg ingak- inguk). Jebul pancen wis cethek nalarmu Jaka Gentho. (nangis) Tegel kowe karo mbakyumu dhewe. Kepriye yen Paman Surabangsat ngerti? Kepriye? Aku iki mbakyumu Gentho… Aku iki mbakyumu dhewe…

BRAT :           [IN] Cempluk…

CEM   :           (nglinguk – langsung nubruk ngekep) Denmas…

BRAT :           Ana apa Pluk? Kowe kok nangis? Kowe ngapa?

CEM   :           (semu keweden) Den, Jaka Gentho den.

BRAT :           Jaka Gentho? (nglerem – nglungguhke) Wis kene lungguh kene. Ditata atimu, aja kuwatir. Aku wis neng kene. (lungguh) Kene dilarah, sakjane ana apa Cempluk?

CEM   :           Kula dibujung Jaka Gentho Den.

BRAT :           Dioyak? Kosik ta. Kok nganti dioyak kuwi ana perkara apa?

CEM   :           Kula arep diperwasa Den.

BRAT :           (ngadeg) Diprewasa? Endi bocahe?!

CEM   :           Den, (nglerem) janipun Jaka Gentho nika taksih pernah adhi kula piyambak Den. Kula dipeksa ngladosi panyuwunane Den. Kamangka, Jaka Gentho niku tasih nunggal sedulur sakpadhepokan kalih kula Den.

BRAT :           Keparat! Banjur?

CEM   :           Mula kula nganti keplajar dugi ngriki Den.

BRAT :           Mengko dhisik ta. Jaka Gentho kuwi apa dudu anakke Warok Sura Bangsat ta?

CEM   :           Enggih Den.

BRAT :           Ora urus tenan. Titenana wae yen ketemu bocahe. Yawis, kene ora usah kuwatir. Aku wis neng kene. Ngene wae, kanggo nglelipur atimu, supaya menep pangrasamu. Kene dak tembangke apa kepiye?

[GANDRUNGAN]

(cempluk ngalamun)

BRAT :           Cempluk… Cempluk Warsiyah… Ana apa? Iki mau daktembangke kok malah sajak suntrut wae polatanmu. Ana apa ta sejatine? Sura Gentho wis adoh saka kene. Ora susa disumelangi ta!

CEM   :           Den, sampeyan napa mboten menggalih ta Den? Ing atase sampeyan niku pangeran anom, kok kersa pacangan kalih kula? Napa mboten nglelingsemi Den?

BRAT :           Pluk… Wis ora kaping- kaping aku ngandhani awakmu. Ora usah basa karo aku. Aku iki pacanganmu.

CEM   :           Ning, sampeyan niku…

BRAT :           Sapa? Anak Bupati? Aku wis dudu anak bupati maneh Pluk. Aku ditundhung.

CEM   :           (kaget) Lho Den…

BRAT :           Wis, ora dadi apa. Mula aku bisa ditundhung dening Kanjeng Rama Bratakusuma kuwi merga aku ora nayogyani apa sing dadi kersa Dalem. Nalika ana pisowanan ing dalem Kadipaten, cekakking rembug ing kana aku bakal dijodhokke dening Kanjeng Rama, oleh wanita sing aku ora ngerti sapa dhewekke sejatine.

(Cempluk noleh rada sedhih)

BRAT :           Pluk… Aja sumelang, tresnaku ya mung kowe.

CEM   :           Mas… aku arep takon karo sampeyan.

BRAT :           Nha, ora usah nganggo basa barang rak ya kepenak ta? Kepiye bocah manis?

CEM   :           Apa Kanjeng Adipati wis pirsa yen awak dhewe duwe sambung tresna Mas?

BRAT :           Ngene ya Pluk. Kanjeng Rama nganti seprene iki durung mangerteni yen aku ngono sejatine wis duwe sambung tresna lan kowe. (nglerem) Uwis, ora susah dipikir, sing baku aku wis bisa andum tresna saklawase karo kowe.

CEM   :           Mas… Aku percaya mas, yen sesambungane awake dhewe iki bakal bisa bacut, senajan tanpa pangestune Kanjeng Adipati apa dene Bapak.

BRAT :           Lire?

CEM   :           Nanging, coba sampeyan nglenggana. Sepira rasa kuciwane wanita sing kok tampik kuwi mas.

(Brata kamitenggeng)

CEM   :           Mas, apa sampeyan ngerti? Sapa sejatine wanita sing dipilih Kanjeng Adipati dadi garwa sampeyan?

BRAT :           Durung Pluk. Mula saka kuwi aku ora nyendikani apa kang dadi dhawuh Dalem.

CEM   :           Sampeyan bakal dijodhokke karo Suminten ta?

BRAT :           Lho… Oleh kabar saka ngendi kok awakmu bisa ngerti yen aku bakal dijodhokke lan wanita aran Suminten?

CEM   :           Mas, Suminten kuwi adhiku mas.

BRAT :           (kaget) Aja gawe- gawe Pluk.

CEM   :           (ngrintih) Merga katresnane marang sampeyan, lan merga saking kepingine dadi garwamu. Saiki adhiku Suminten wis ilang nalare, kepara dadi edan Mas.

BRAT :           Ananging, aku ora seneng karo Suminten utawa sapa wae. Aku mung tresna karo kowe Cempluk.

CEM   :           Iya mas. Aku percaya mas. Yen ta katresnan kuwi ora bisa dipeksakake. Nanging mas, apa ya aku kudu tega mas? Apa aku mentala? Yen ing mengko aku bebojoan karo sampeyan, nanging nyawang bocah wadon sing prenah adhiku dhewe, kedarang- darang uripe?

BRAT :           Mengko dhisik ta. Suminten kuwi sapa Pluk? Aku isih durung ndunung.

Lanjutkan membaca “‘MINTEN’”

DHEMIT

Manifestasi Klenik Jawa yang Terlahir dari Proses Kebudayaan

(Dipetik dari Kakawin Sena)

Priyo Nugroho

Program Studi Sastra Daerah untuk Sastra Jawa, Fakultas Ilmu Budaya, Universitas Sebelas Maret Surakarta

gatotkach557@gmail.com

 

Abstrak

 

Indonesia sebagai salah satu rumpun budaya timur yang kaya akan ilmu pengetahuan, termasuk pengetahun tentang mitologi. Mistik sudah dikenal jauh sebelum pengaruh kebudayaan India masuk ke Indonesia. Animisme adalah awal dari kepercayaan tentang mistik Indonesia yang sangat mendasar. Dunia roh serta makhluk halus tetap dipercayai seiring pergantian kepercayaan yang berlangsung selama berabad- abad. Jawa adalah hasil kebudayaan yang dibangun dari kepercayaan akan dunia magis. Hantu adalah salah satunya. Roh halus atau hantu seolah hidup berdampingan dengan dunia manusia Jawa hingga saat ini. Hal ini membuat penggolongan roh halus Jawa sangat beragam. Kakawin Sena adalah salah satu naskah Jawa kuno yang memuat nama, dan jenis- jenis makhluk halus Jawa. Makhluk halus dengan nama yang beragam juga mempunyai daya memengaruhi manusia yang berbeda- beda pula. Benjolan, dan ruam di kulit; demam, dan kejang; dan sakit yang tak kunjung sembuh hingga kematian dari sebagian masyarakat Jawa sering dikaitkan dengan pengaruh hantu yang mengganggu kehidupan manusia. Identifikasi makhluk halus yang terdapat dalam naskah kuno Kakawin Sena akan membawa kita pada pengetahuan mistis Jawa, untuk menggali lebih dalam kekayaan budaya Jawa yang sangat agung, dan mengetahui bahwa keberadaan yang tidak berada belum tentu hal itu tidak pernah ada.

Kata kunci

hantu; jawa; kakawin sena; mistik.


Lanjutkan membaca “DHEMIT”

Kalamunyeng

Naskah Kethoprak

karya : Priyo Nugroho

Kelompok Kerja Teater Teater Wiswakarman



Scene pre-1

Setting : Gandhok Tengen

Talent  :

  1. Nyai Ageng Murtasiyah
  2. Nyai Ageng Wardah

Nyai Ageng Murtasiyah lagi nandang sungkawa, nangis.

  1. NW

“(IN) Kakangmbok. Samenika sampun manjing wekdal Asyar. Menapa Kakangmbok… Lho, Kakangmbok. Wonten menapa Kakangmbok? menapa ingkang panjenengan galih Kangmbok, kok ngantos pijer muwun. Mbok menawi kanthi paring pangandikan saged damel pangenthenging panggalih Kangmbok.”

  1. NM

Mboten yayi. Pun Kakang namung kemutan kaliyan almarhum Kanjeng Rama. Senajan sampun langkung sawindu sedanipun Kanjeng Rama. Ing batos sansaya kapang kaliyan pitutur- pitutur ingkang bebasan tansah ngayomi ing gesang kula Yayi.”

  1. NW

“Kangmbok. Kanjeng Sunan Ngampel sampun pinaring papan ingkang saklangkung sekeca wonten ing Jannatullah, wajibing putra ing samenika namung saged ndongakkaken. Menawi Kangmbok kapang kaliyan pangayomanipun Kanjeng Sunan Ngampel, Kangmas Giri minangka gantosipun Kanjeng Sunan Ngampel tansah…”

  1. NM

”Yayi. Kangmas Giri sampun sampun kesupen Yayi.”

  1. NW

Kesupen? Kesupen ing bab menapa Kangmbok?”

  1. NM

Nalika padhepokan Giri madeg, saking dhawuhipun Bapa Sembuyung, Kangmas Giri taksih enem, ananging sampun waskitha. Jengkar saking Tanah Sabrang rinowang Kanjeng Sunan Benang, mbekta siti ingkang warni lan aremipun sami kaliyan siti banon ing Gresik menika.”

  1. NW

“Menawi menika kula inggih sampun mangertos Kangmbok. Lajeng kesupen kaliyan menapa Kangmbok?”

  1. NM

Ing sakawit, amargi Kanjeng Sunan Benang mboten peputra, nglampahi gesang wadat lajeng pagas. Pepagasipun pinuja dados duwung sinebut Kalamunyeng. Saksampunipun kagungan pusaka Kalamunyeng menika, Kangmas Giri kados binujung ing suyudan. Menika. Menika ingkang dados sabab Kangmas Giri nglirwakakken wasiyat ingkang dipun ngendikakaken Kanjeng Rama. Bilih Islam sampun ngantos dados mengsah tiyang Jawi ingkang sayektos angel ing kapitayan enggal.”

  1. NW

Kangmbok. Kangmas Giri sampun kinalungan sesandhang gelar minangka Mufti, pangarsa Parepatan Walisanga. Tamtu, ing salebeting ngasta agami Allah, sampun laras tuwin leres kaliyan mupakatipun para Sunan, Kangmbok.”

  1. NM

Yayi. Samenika Praja Majapahit sampun nemahi sandyakala. Saksampunipun Prabu Brawijaya V moksa, Kangmas Giri kawinisuda  nglintir kaprajan Majapahit dados Ratu Ampeyan saklaminipun sekawan dasa dinten. Saking ngriki, wiwitipun Kangmas Giri kepilut gelaring kanalendran. Kula sumelang Yayi. Kula sumelang menawi ing sakmangke kadadosan paprangan ingkang saklangkung ageng tinimbang brubuhipun Praja Geng.”

  1. NW

Kangmbok, sampun kagungan panduga ingkang tanpa tepis ing lelandhesan sayekti, Kangmbok. Kangmas Giri menika Mufti Wali, tamtu mboten badhe kagungan niyat ingkang kados mekaten Kangmbok. Kula lan Kangmbok minangka rabinipun kedah tansah atur panyengkuyung ingkang sae, lan panimbang ing menawi garwa nembe nandang gresah Kangmbok.”

“(keprungu swara Iqommah) Astaghfirullahal’adzim. Kangmbok… Sampun manjing sholat Asyar. Kula kinten mboten prayogi menawi pirembagan menika katlanjuk ngantos kesupen anggen kula panjenengan ngayahi kewajiban dhateng Gusti Allah. Sumangga Kangmbok, kula dherekkaken sembahyang dhateng Langgar, mbok menawi kanthi Sholat jama’ah, Kangmbok saged pinanggih margi padhang.”

  1. NM

Yayi sholat jama’ah langkung rumiyin kewala, kula badhe i’tikaf kaliyan tafakur wonten senthong kewala.”

  1. NW

Menawi mekaten ingkang Kangmbok kersakkaken, kula sumanggakkaken Kangmbok. Mugi Kangmbok tansah kinanthen rahmatullah.”

(BLACK-OUT)


Scene 1

Setting : Serambi Tengen Giri Kedhaton

Talent :

  1. Nyai Ageng Wardah [Garwane Sunan Giri]
  2. Santriwati [Suti]
  3. Santriwati [Raras]
  4. Santriwati [Dhenok]
  5. Santriwati utusan [Aminah]

Prop. :

  1. Meja
  2. Turutan
  3. Tuding

Nyai Ageng Giri ngajari ngaji.

  1. NW

“Bismillahirrohmanirrohiim. Bismillah kanthi nyebut Asmanipun Gusti Allah, Ar-Rohmanirrohiimi, Ingkang Maha Welas lan Maha Asih. Alhamdulillahi wa shollarobbuna. Alhamdulillahi sedaya puji namung kagunganing Gusti Allah…

  1. Santriwati

“(padha nirokke)”

  1. Santriwati utusan

“[IN] Assalamu’alaikum warrohmatullahi wa bawokatuhu. Kula ingkang sowan Nyai.”

  1. NW & Santriwati

“(Padha nyauri) Wa’alaikumussalam warrohmatullahi wabarokatuhu.

  1. NW

“Aminah. Mara majua mrene. Ana wigati apa dene awakmu kok kari anggonmu sowan nderes?”

  1. SU

“Nyadhong deduka Nyai Ageng. Nyuwun agunging aksama Nyai, rikala kula badhe sowan ngaos wonten serambi, ing gapura padhepokan kula pinanggih kaliyan Kanjeng Sunan. Ing ngriku kula dipun utus saprelu ngaturaken uninga bilih Nyai Ageng dipun kersakaken mrepegi Kanjeng Sunan wonten ing pagedhongan.”

  1. NW

“Sajak nyalawadi. Ana wigati apa Aminah?”

  1. SU

“Bab punika kula mboten mangertosi Nyai. Sumangga kula aturi midhanget piyambak menapa ingkang dipun kersakaken dening Kanjeng Sunan.”

  1. NW

“Lah iya yen pancen mangkono kang dadi kersa Kangmas Giri. Suti!”

  1. Suti

“Wonten dhawuh Nyai Ageng.”

  1. NW

“Ing satindakku ana gedhong kiwa. Panderese kadang- kadangmu dakpasrahake jeneng sira kang wus fasih tajwid lan nahwumu.”

  1. Suti

“Dhawuh sendika Nyai.”

  1. NW

“Anakku kabeh. Daktinggal sawetara wektu anggonmu padha ngaji, ing samengko padha nderesa dhewe- dhewe. Yen ana bab kang ora mbokmangerteni, matura marang Suti.”

  1. Santriwati

“Dhawuh sendika Nyai Ageng.”

  1. NW

“Assalamu’alaikum warohmatullahiwabarokatuhu.”

Para Santriwati nyauri, banjur mbacutake olehe padha nderes Qur’an.


Scene 2

Setting : Praja Majapahit

Talent  :

  1. Prabu Brawijaya VI
  2. Menak Sengguruh
  3. Patih Udhara
  4. Adipati Terung

Pasewakan Agung Majapahit.

  1. PB

Rakyana Patih. Jeneng sira sun timbali maju ana ngarsaningsun. Sakwusnya Praja Majapahit sun boyong ana Dhaha, kadiparan pawartane nayaka, sakpraja jajahanku kene kabeh?”

  1. PU

“Nyadhong dhawuh Sang Nata. Sakderengipun kula matur, amung sungkem pangabekti kula tansah konjuk wonten ngadhap pada mawantu- wantu. Saksampunipun nampi dhawuh Panjenengan Dalem Sang Nata Ranawijaya ingkang ndadosaken kumejoting pangraos kula, lepat nyuwun sih kawelasan Dalem. Sang Nata, ing ri kalenggahan menika Praja Majapahit tan mangge setunggal ruhara satunggal punapa, sedaya tansah gemah ripah kerta tata raharja, mboten wonten para nayaka langkung- langkung praja sabawah paribawan paduka ingkang kumawani merong kampuh jingga mbondan tanpa ratu.”

  1. PB

“Sokur binage sewu, dene pangayomanku ing sakindering praja Majapahit tansah pinundhi dening kabeh para wargaku kabeh.”

(Sengguruh IN)

  1. SG

“Sakalimah tabik…”

  1. PB

“Menak Sengguruh. Ana paran praptanira ana ngarsaku? Dene ora takdhawuhi ngadhep, teka sowan tanpa cecala luwih dhisik?”

  1. SG

“Lepat nyuwun sih pangapunten dalem Sang Nata. Sowan kula wonten Ngarsa Dalem Sang Nata badhe ngaturaken uninga saking kadang telik sandipaya ing Padhepokan Giri. Bilih Sunan Giri Satmata ing katemben ngintunaken nawala katur dhumateng panjenenganipun Adipati Jimbun ingkang wos isinipun. Sunan Satmata badhe madeg kadhipaten ing bawah panguwasaning Kasultanan Demak.”

  1. PB

“Piye?”

  1. PU

Dhimas Terung…”

  1. AT

“Kula Ki Patih.”

  1. PU

“Paran iki kadadeyan nganti ana pamakar maneh, kang bibit kawite saka kadangmu enom Jimbun?”

  1. AT

Sampun keladuk Ki Patih. Saking aturipun Paman Sengguru, ingkang ngintun nawala menika Sunan Giri lan…”

  1. PU

“Giri iku sapa Dhimas? Giri kuwi pangarsane Wali, Mufti Agung Kasultanan Bintara. Bintara kuwi sapa sing ngratoni? Jimbun. Rayi Sampeyan…”

  1. AT

“Ki Patih. Keladuk atur sampeyan …”

  1. PB

“Cukup. Murang tata kabeh. Ora ndeleng sapa sing neng ngarepmu kabeh? Heh?! Iki Pasewakan Agung. Dudu alun- alun. Yen ta padha kepingin adu kekendelan mara metua kabeh! Lonya- lanyo…”

  1. AT

“Nyuwun sih pangapunten Dalem Sang Nata.”

  1. PB

“Terung. Kok nganti ana kedadeyan kaya mangkene iki. Mara matura kepriye anggonmu ngayahi wajib minangka senopati? Ing ewadene sira kuwi kadang tuwane Sultan Jimbun Patah.”

  1. AT

“Punten dalem sewu Sang Nata. Sakderengipun kedadosan bab ingkang mboten nuju prana, kedahipun langkung rumiyin para nayaka ing Praja majapahit maspadakaken kanthi pratitis mbok menawi warta menika namung warta- wartan awur- awuran.”

  1. PU

“Nuwun sewu Sang Nata. Lantip ing pamikir landhep ing pangucap, mbok menawi langkung prayogi menawi Paman Sengguruh ingkang medal pasilan tumuju dhateng Padhepokan Giri. Saprelu mbekta Giri sowan ing Praja. Amargi sampun tigang candra Sultan Jimbun ugi dereng sowan wonten Praja.”

  1. AT

“Nuwun sewu Sang Nata. Kula kinten, kula kewala ingkang…”

  1. PB

“Wis. Cukup, yen padha nuruti karepe dhewe- dhewe, pasewakan iki ora bakal ana tutuge. Sengguruh! Sira Sun utus nglurug Padhepokan Giri, saprelu ngrangket Giri. Budi sira sembadani. Sak pati uripe Giri, Sun pasrahke jeneng sira.”

  1. AT

“Sang Nata…”

  1. PB

“Sira Terung. Sira sun utus ndhawuhi Kadang sira enom Jimbun Patah tumuju sowan ana Ngarsaku. Pasewakan iki Sun anggep rampung. Lan Sira, Terung. Yen ta jeneng sira isih abot tengen marang kadang sira enom, Ingsun dhewe kang bakal tegel marang jeneng sira.”

  1. AT

“(meneng wae)” ______ (BLACK OUT)


Lanjutkan membaca “Kalamunyeng”

Sandhul Suti – Kesenian Rakyat Kaki Sumbing

Seni Tradisi

Senja memerah di bibir Gunung Sumbing, Magelang. Udara dingin khas pegunungan dan hijau dedaunan sejauh mata memandang, membuat nyaman siapapun yang berada di sana. Krandhegan, Sukomakmur, Kajoran, Magelang.

Ada yang unik dan menarik dari desa ini, yakni kesenian yang ada dan menjadi ikon di sini.  Kesenian adalah salah satu hasil dari suatu kebudayaan dalam tingkat lokalitas tertentu. Interaksi imbal balik manusia dengan diri, lingkungan sekitar, maupun dengan Sang Pencipta.

Menurut Suharto Rijoatmojo, kesenian adalah segala sesuatu ciptaan manusia untuk memenuhi atau menunjukan rasa keindahan. Selain itu, pada tingkat masyarakat sosio-kultural, norma- norma yang terdapat di dalamnya juga sering diwahanakan dalam bentuk kesenian.

Kewibawaan Sandhul Suti

Kesenian Sandhul [sranDūl; sanDūr?] menurut Purwodarminto (1930), adalah salah satu jenis seni kerakyatan yang dipentaskan jika ada permintaan untuk pentas saja (seni barangan).

Kesenian Sandhul adalah wujud manifestasi dari seni tutur tervisualisasikan. Yakni berupa pementasan teater tradisional yang memuat petuh- petuah dan nasihat- nasihat baik. Kisah Panji adalah kisah yang menjadi otograf referen utama atau babon kisah kesenian ini. Tembang, tarian, serta syair- syair petuah yang disajikan secara runut dan ber-seri adalah struktur penyajian dalam kesenian Sandhul ini.

Kesenian Sandhul memang kian hari kian terusik oleh perkembangan budaya kontemporer masyarakat, namun dalam masyarakat sosio-kultur Krandhegan, Sandhul tetap menjadi ikon primadona yang tak pernah dilewatkan pada setiap perhelatan acara. Pasalnya setiap terdapat kegiatan apapun yang melibatkan sajian kesenian di dalamnya, seperti bersih desa, syukuran hari besar keagamaan, hari besar nasional dan sebagainya tak boleh terlebih dahulu menampilkan kesenian selain Sandhul. Dari sinilah letak kewibawaan Sandhul yang menaungi puncak eksistensi sebagai kesenian yang memang merbawani. Meskipun di desa tersebut terdapat beberapa kesenian rakyat lain seperti Topeng Ireng, Soreng, Warog, Jathilan, dan Leak-an, namun kesemuanya tak boleh dipentaskan di desa ini sebelum kesenian Sandhul Suti dipentaskan terlebih dahulu.

Kesenian Unik

Dalam pementasannya terdapat beberapa keunikan yang terdapat di dalam kesenian ini.

  1. Alat musik pengiring (gamelan) menggunakan alat musik yang sudah sangat jarang dipakai oleh masyarakat Jawa. Salah satunya Kemodhong atau gong bilah (bukan gong gantung) yang berlaku sebagai bonang.

    IMG_6902
    Kemodhong
  2. Pakaian atau kostum pemain. Meskipun umur kostum atau pakaian yang dipakai saat pementasan (disgebyakan) tergolong kostum yang tidak terlalu tua atau bisa dikatakan garap anyar namun secara pasti umur dan asal- usul kostum yang dikenakan tidak begitu jelas diketahui. Dan sampai saat ini kostum- kostum tersebut masih mejadi jimat yang tidak boleh diperbarui.
  3. Pemain Patriarkhal. Teater tradisi ini dimainkan oleh 28 orang dalam satu rombongan dan kesemuanya adalah laki- laki berumur senja lebih dari 40 tahun. Baik tokoh wanita maupun pria semuanya diperankan oleh para lelaki.
  4. Durasi permainan. Teater ini biasanya memakan waktu yang tidak singkat, pementasan ini biasanya dimainkan mulai ba’da dzhuhur sampai menjelang subuh. Sekitar setengah hari utuh.
  5. Segi properti pementasan. Jika kita pernah melihat pementasan Badhutan di daerah Wonogiri atau Karanganyar, properti yang digunakan sebagai pancer adalah Sebuah obor. Perbedaannya adalah jika dalam pementasan Badhutan, obor yang digunakan dibawa oleh beberapa pemain, jika dalam Sandhul Suti ini obor yang digunakan diletakkan di tengah- tengah panggung pementasan. Obor di dalam pementasan ini bermakna layaknya Blencong pada pagelaran wayang kulit. Bermakna sebagai purwaning kaeka atau asal- usul penciptaan semesta yang awalnya berupa cahaya Tuhan. Selain properti inti ada pula penambahan properti keseharian yang digunakan sebagai sarana interaktif, seperti ténggok, kacamata, ember dan sebagainya.

Lanjutkan membaca “Sandhul Suti – Kesenian Rakyat Kaki Sumbing”

Sandhul Suti – Kesenian Rakyat Kaki Sumbing

Seni Tradisi

Senja memerah di bibir Gunung Sumbing, Magelang. Udara dingin khas pegunungan dan hijau dedaunan sejauh mata memandang, membuat nyaman siapapun yang berada di sana. Krandhegan, Sukomakmur, Kajoran, Magelang.

Ada yang unik dan menarik dari desa ini, yakni kesenian yang ada dan menjadi ikon di sini.  Kesenian adalah salah satu hasil dari suatu kebudayaan dalam tingkat lokalitas tertentu. Interaksi imbal balik manusia dengan diri, lingkungan sekitar, maupun dengan Sang Pencipta.

Menurut Suharto Rijoatmojo, kesenian adalah segala sesuatu ciptaan manusia untuk memenuhi atau menunjukan rasa keindahan. Selain itu, pada tingkat masyarakat sosio-kultural, norma- norma yang terdapat di dalamnya juga sering diwahanakan dalam bentuk kesenian.

Kewibawaan Sandhul Suti

Kesenian Sandhul [sranDūl; sanDūr?] menurut Purwodarminto (1930), adalah salah satu jenis seni kerakyatan yang dipentaskan jika ada permintaan untuk pentas saja (seni barangan).

Kesenian Sandhul adalah wujud manifestasi dari seni tutur tervisualisasikan. Yakni berupa pementasan teater tradisional yang memuat petuh- petuah dan nasihat- nasihat baik. Kisah Panji adalah kisah yang menjadi otograf referen utama atau babon kisah kesenian ini. Tembang, tarian, serta syair- syair petuah yang disajikan secara runut dan ber-seri adalah struktur penyajian dalam kesenian Sandhul ini.

Kesenian Sandhul memang kian hari kian terusik oleh perkembangan budaya kontemporer masyarakat, namun dalam masyarakat sosio-kultur Krandhegan, Sandhul tetap menjadi ikon primadona yang tak pernah dilewatkan pada setiap perhelatan acara. Pasalnya setiap terdapat kegiatan apapun yang melibatkan sajian kesenian di dalamnya, seperti bersih desa, syukuran hari besar keagamaan, hari besar nasional dan sebagainya tak boleh terlebih dahulu menampilkan kesenian selain Sandhul. Dari sinilah letak kewibawaan Sandhul yang menaungi puncak eksistensi sebagai kesenian yang memang merbawani. Meskipun di desa tersebut terdapat beberapa kesenian rakyat lain seperti Topeng Ireng, Soreng, Warog, Jathilan, dan Leak-an, namun kesemuanya tak boleh dipentaskan di desa ini sebelum kesenian Sandhul Suti dipentaskan terlebih dahulu.

Kesenian Unik

Dalam pementasannya terdapat beberapa keunikan yang terdapat di dalam kesenian ini.

  1. Alat musik pengiring (gamelan) menggunakan alat musik yang sudah sangat jarang dipakai oleh masyarakat Jawa. Salah satunya Kemodhong atau gong bilah (bukan gong gantung) yang berlaku sebagai bonang.

    IMG_6902
    Kemodhong
  2. Pakaian atau kostum pemain. Meskipun umur kostum atau pakaian yang dipakai saat pementasan (disgebyakan) tergolong kostum yang tidak terlalu tua atau bisa dikatakan garap anyar namun secara pasti umur dan asal- usul kostum yang dikenakan tidak begitu jelas diketahui. Dan sampai saat ini kostum- kostum tersebut masih mejadi jimat yang tidak boleh diperbarui.
  3. Pemain Patriarkhal. Teater tradisi ini dimainkan oleh 28 orang dalam satu rombongan dan kesemuanya adalah laki- laki berumur senja lebih dari 40 tahun. Baik tokoh wanita maupun pria semuanya diperankan oleh para lelaki.
  4. Durasi permainan. Teater ini biasanya memakan waktu yang tidak singkat, pementasan ini biasanya dimainkan mulai ba’da dzhuhur sampai menjelang subuh. Sekitar setengah hari utuh.
  5. Segi properti pementasan. Jika kita pernah melihat pementasan Badhutan di daerah Wonogiri atau Karanganyar, properti yang digunakan sebagai pancer adalah Sebuah obor. Perbedaannya adalah jika dalam pementasan Badhutan, obor yang digunakan dibawa oleh beberapa pemain, jika dalam Sandhul Suti ini obor yang digunakan diletakkan di tengah- tengah panggung pementasan. Obor di dalam pementasan ini bermakna layaknya Blencong pada pagelaran wayang kulit. Bermakna sebagai purwaning kaeka atau asal- usul penciptaan semesta yang awalnya berupa cahaya Tuhan. Selain properti inti ada pula penambahan properti keseharian yang digunakan sebagai sarana interaktif, seperti ténggok, kacamata, ember dan sebagainya.

Lanjutkan membaca “Sandhul Suti – Kesenian Rakyat Kaki Sumbing”